Senin, 08 Februari 2016

DALANE MATİ

DALANE MATİ.     Dalane mati iku kudu weruh opoto jatining pati iku . Jatining loyo iku haninang haninung ngana..yen coro arabe den arani hawiyatul hawiyah.yo awang-awang uwung-uwung tanpo owah tanpo gingsir. ..Yo iku panggonane banyu tirta nirmala utowo banyu perwito sari kang den upadi denig bronto sena jaman semono  . Cara lakune anggulung nafas nufus anfas tanafas den gulung dadi sawiji sahinggo rumongso badan angin maremo wes teko maniro meripat merem ananging rasane aningali  maring pucuking grana neng kono katunggalake maring cahyo putih..Terus narik nafas saking  sikil maring puser..leren sawetara terus di unggahake maring ati  sebute la ilaha illa anta..leren sawetara..Terus diunggahake maring utek sebute la ilaha illa huwa...leren sawetara neng utek..Terus manjing mripat plas nediyo uncat saking bathang dzat lap tekaning suwargo.


Jumat, 05 Februari 2016

SAHADAT SAMPURNONE WALI SONGO

SAHADAT SAMPURNANE WALI SONGO.

Iki sahadat sampurno kanjeng sunan Kali jogo.
Ashadu kahanan ingsun Alloh Pengeran setuhune anging ingsun abadan nyowo nyowo iku ingsun kang anduweni nur hidayatulloh ingkang ilang les neng ati ilang ing tingal Dzat tan ono krono....,.

IKI SAHADAT SAMPURNO SUNAN AMPEL DENTO.

Ya hu Pengeran ingsun kang Agung kang mumpuni urip kabeh Ashadu ananingsun ilaha rupaningsun illalloh pengeraningsun ingsun anuduhaken ing margane kang padang Urip tan kenaning pati Mulyo tankewawaran Iling tan keno lali Yo roso yo rosululloh Yo sukmo Yo urip ing alam kang padang yo iku haqiqote rosululloh..
Ashadu bumi mengo qubur nrawang..
Ashadu ati aja salah ati pecat mati ojo lali lali لااله الا الله محمد رسول الله ...

Ashadu ananing Alloh ilaha rupane Alloh Anging pengeran kang sinerung dunyo akhirot . Dzatulloh sumende ing dzatulloh Sifatulloh sumende ing sifatulloh kaleban sih sirrulloh lahut ojo ono kari wulune selembar teko ing rohmatulloh..